Resensi Novel Carang-Carang Garing
Irah-Irahan : Carang-Carang Garing
Panganggit : Tiwiek, SA
Penerbit : PT. Alfina Primatama
Taun Terbit : 2009
Kandel : 128 kaca
Panggonan Terbit : Surabaya
Suyatman, tukang becak duwe bojo
sing jenenge Darminah sing dodolan ana ing pasar. Lorone duwe anak Darmini, Yanto,
Darto lan Darmono sing didadekake anak angkat karo Tutik, adine Darminah.
Darmini wis tau digawe lara ati karo uwong lanang sing jenenge Bambang sing
profesine dadi pemborong bangunan. Kalorone padha seneng amarga delok-delokan
ing panggonan kerjane Bambang. Darmini meteng amarga Bambang lan dheweke
ora gelem tanggung jawab.
Suyatman sing ngerti kabar yen
Tutik meteng, banjur akon Darminah ngewehake jamu kanggo gugurke anake sing ana
ing jero wetenge Tutik. Banjur sakdurunge jamu jahat kuwi diwenehake karo
Tutik, Darminah sing ngerti niate bapakne kuwi banjur ngijolake jamu jahat karo
jamu sing dheweke tuku amarga Darminah dhewe uga butuhake jamu jahat kuwi
kanggo gugurake bayi sing ana ing jero wetenge. Barang uwis ngombe jamu jahat
kuwi, Darmini muwel-muwel wetenge lan ana jero kolah, dheweke ngetokake getih
akeh banget.
Ana ing salah liyane dina, bali
ana omahe uwong wedok sing uwis pirang-pirang taun ora tau bali babar blas.
Jenenge Suminah sing biyen uwis tau dipegat karo bojone banjur lunga lan ora
ana wong sing ngerti dheweke lunga ana ngendi. Barang bali dheweke uwis kaya
wong sugih. Darmini sing ana ing omah ming gaweyane gawe liwetan, banjur melu
Suminah kerja ana ing kutha. Banjur ing liya dina Suminah lan Darmini mangkat
kutha. Darmini sing pertamane ora ngerti gaweyane Suminah banjur ngerti yen
Suminah dadi germa, amerga kapeksa ora ana kerja liya lan dheweke pengin sugih,
banjur Darmini melu dadi germa amarga sing luwih larang regane. Ana ing salah
sawijining wektu, dheweke oleh pesenan ana ing hotel Surabaya. Jebul sing pesen
kuwi yaiku Bambang, anangin Darmini ethok-ethok ora kenal. Lara atine Darmini
sing ora trima kuwi, gawe Darmini duwe niyatan males lakune Bambang. Darmini
ngejak lunga ana ing Kutha Batu, lan sakwise nglakoni panggaweyane, lan Bambang
sing lagi lemes, banjur Darminah jikuk peso lan mateni Bambang.
Ana ing desa, Suyatman sing
ngerti Darmono bali karo nangis amerga dithuthuk karo Pak Camat terus nesu lan
ora trima. Banjur Suyatman baleni niyate arep mateni Wawan anake Tutik sing
dhek biyen ora hasil anggone dheweke ngewehi jamu jahat. Banjur Suyatman
golek-golek kesempatan anggone arep mateni Wawan sing isih umur 3 taun. Bareng
ana kesempatan ing liya dina, Suyatman nglelepake Wawan sing lagi dolanan
prau-praunan dhewe ana ing blumbang pinggir kecamatan. Banjur Suyatman mlayu
saka panggonan kuwi, wedi ana sing ngonangi kadurjanane. Tutik sing goleki
Wawan kaget amerga ngerti yen Wawan kemambang ana ing blumbang. Ardhi sing ora
percaya nek Wawan mati amerga kelelep banjur golek cara kanggo goleki durjana
sing wani mateni Wawan.
Ana ing dina kapitu matine
Wawan, Ardhi sing duwe ponakan dipacaki kaya Wawan lan ana ing wektu bengi
Ardhi karo keponakane mara ana ing omahe Suyatman ethok-ethok dadi memedine
Wawan lan saka carane Ardhi kuwi banjur Suyatman ngaku amerga wedi yen dheweke
diganggu karo arwahe Wawan. Esoke, polisi nyekel Suyatman dijaluki keterangan
amerga saka rekaman pas wayah bengi keweden direkam karo Ardhi. Banjur ana ing
kantor polisi, Suyatman dikunjoro lan ana kono Pak Camat lan Tutik sing
kelangan Wawan gelem ngapurani Suyatman. Darmini sing wektu kuwi bali omah pengin
cerita menawa dheweke uga dadi buronan nanging dheweke ora wani. Dheweke banjur
meneng wae. Dheweke ora nerusake pagaweyane lan manggon ing ngomah kumpul karo
kulawargane.
UNSUR INTRINSIK NOVEL
1.
Tema : Rekasaning urip
2.
Waktu : Esok, awan, mbengi
3.
Panggonan : Ing desa lan
kutha
4.
Suasana : Asri pedesan
5.
Alur : Campuran
(maju-mundur)
6.
Gaya basa : Pamilihan diksi apik
7.
Penokohan : Ing njero novel
iki ana paraga sing sipate elek lan apik, kayata Suyatman, Bambang, lan Pak
Gumbreng sing duweni watak elek lan Heru, Tatik, Aris Setiawan, lan Ardiyanto
sing duweni watak apik.
8.
Sudut pandang : Penulis migunani
sudut pandang wong ketelu.
9.
Amanat :
·
Dadi wong urip kudu syukur ing kaanan apa wae.
·
Dadi wong urip kudu nglakoni prakara-prakara sing
diprentahke Gusti lan ngadohi larangane.
·
Ojo seneng nyilakani wong liya.






test
BalasHapusApakah ada keunikan atau aspek menarik lainnya yang membedakan novel ini dari karya-karya lain? Regards Telkom University
BalasHapus