This is default featured slide 1 title

Go to Blogger edit html and find these sentences.Now replace these sentences with your own descriptions.This theme is Bloggerized by Lasantha Bandara - Premiumbloggertemplates.com.

This is default featured slide 2 title

Go to Blogger edit html and find these sentences.Now replace these sentences with your own descriptions.This theme is Bloggerized by Lasantha Bandara - Premiumbloggertemplates.com.

This is default featured slide 3 title

Go to Blogger edit html and find these sentences.Now replace these sentences with your own descriptions.This theme is Bloggerized by Lasantha Bandara - Premiumbloggertemplates.com.

This is default featured slide 4 title

Go to Blogger edit html and find these sentences.Now replace these sentences with your own descriptions.This theme is Bloggerized by Lasantha Bandara - Premiumbloggertemplates.com.

This is default featured slide 5 title

Go to Blogger edit html and find these sentences.Now replace these sentences with your own descriptions.This theme is Bloggerized by Lasantha Bandara - Premiumbloggertemplates.com.

Jumat, 22 Juni 2018

Resensi Novel Carang-Carang Garing


Resensi Novel Carang-Carang Garing

Irah-Irahan : Carang-Carang Garing
Panganggit : Tiwiek, SA
Penerbit : PT. Alfina Primatama
Taun Terbit : 2009
Kandel : 128 kaca
Panggonan Terbit : Surabaya

Suyatman, tukang becak duwe bojo sing jenenge Darminah sing dodolan ana ing pasar. Lorone duwe anak Darmini, Yanto, Darto lan Darmono sing didadekake anak angkat karo Tutik, adine Darminah. Darmini wis tau digawe lara ati karo uwong lanang sing jenenge Bambang sing profesine dadi pemborong bangunan. Kalorone padha seneng amarga delok-delokan ing panggonan kerjane Bambang.  Darmini meteng amarga Bambang lan dheweke ora gelem tanggung jawab.
Suyatman sing ngerti kabar yen Tutik meteng, banjur akon Darminah ngewehake jamu kanggo gugurke anake sing ana ing jero wetenge Tutik. Banjur sakdurunge jamu jahat kuwi diwenehake karo Tutik, Darminah sing ngerti niate bapakne kuwi banjur ngijolake jamu jahat karo jamu sing dheweke tuku amarga Darminah dhewe uga butuhake jamu jahat kuwi kanggo gugurake bayi sing ana ing jero wetenge. Barang uwis ngombe jamu jahat kuwi, Darmini muwel-muwel wetenge lan ana jero kolah, dheweke ngetokake getih akeh banget.
Ana ing salah liyane dina, bali ana omahe uwong wedok sing uwis pirang-pirang taun ora tau bali babar blas. Jenenge Suminah sing biyen uwis tau dipegat karo bojone banjur lunga lan ora ana wong sing ngerti dheweke lunga ana ngendi. Barang bali dheweke uwis kaya wong sugih. Darmini sing ana ing omah ming gaweyane gawe liwetan, banjur melu Suminah kerja ana ing kutha. Banjur ing liya dina Suminah lan Darmini mangkat kutha. Darmini sing pertamane ora ngerti gaweyane Suminah banjur ngerti yen Suminah dadi germa, amerga kapeksa ora ana kerja liya lan dheweke pengin sugih, banjur Darmini melu dadi germa amarga sing luwih larang regane. Ana ing salah sawijining wektu, dheweke oleh pesenan ana ing hotel Surabaya. Jebul sing pesen kuwi yaiku Bambang, anangin Darmini ethok-ethok ora kenal. Lara atine Darmini sing ora trima kuwi, gawe Darmini duwe niyatan males lakune Bambang. Darmini ngejak lunga ana ing Kutha Batu, lan sakwise nglakoni panggaweyane, lan Bambang sing lagi lemes, banjur Darminah jikuk peso lan mateni Bambang.
Ana ing desa, Suyatman sing ngerti Darmono bali karo nangis amerga dithuthuk karo Pak Camat terus nesu lan ora trima. Banjur Suyatman baleni niyate arep mateni Wawan anake Tutik sing dhek biyen ora hasil anggone dheweke ngewehi jamu jahat. Banjur Suyatman golek-golek kesempatan anggone arep mateni Wawan sing isih umur 3 taun. Bareng ana kesempatan ing liya dina, Suyatman nglelepake Wawan sing lagi dolanan prau-praunan dhewe ana ing blumbang pinggir kecamatan. Banjur Suyatman mlayu saka panggonan kuwi, wedi ana sing ngonangi kadurjanane. Tutik sing goleki Wawan kaget amerga ngerti yen Wawan kemambang ana ing blumbang. Ardhi sing ora percaya nek Wawan mati amerga kelelep banjur golek cara kanggo goleki durjana sing wani mateni Wawan.
Ana ing dina kapitu matine Wawan, Ardhi sing duwe ponakan dipacaki kaya Wawan lan ana ing wektu bengi Ardhi karo keponakane mara ana ing omahe Suyatman ethok-ethok dadi memedine Wawan lan saka carane Ardhi kuwi banjur Suyatman ngaku amerga wedi yen dheweke diganggu karo arwahe Wawan. Esoke, polisi nyekel Suyatman dijaluki keterangan amerga saka rekaman pas wayah bengi keweden direkam karo Ardhi. Banjur ana ing kantor polisi, Suyatman dikunjoro lan ana kono Pak Camat lan Tutik sing kelangan Wawan gelem ngapurani Suyatman. Darmini sing wektu kuwi bali omah pengin cerita menawa dheweke uga dadi buronan nanging dheweke ora wani. Dheweke banjur meneng wae. Dheweke ora nerusake pagaweyane lan manggon ing ngomah kumpul karo kulawargane.

UNSUR INTRINSIK NOVEL
1.      Tema : Rekasaning urip
2.      Waktu : Esok, awan, mbengi
3.      Panggonan : Ing desa lan kutha
4.       Suasana : Asri pedesan
5.      Alur : Campuran (maju-mundur)
6.      Gaya basa : Pamilihan diksi apik
7.      Penokohan : Ing njero novel iki ana paraga sing sipate elek lan apik, kayata Suyatman, Bambang, lan Pak Gumbreng sing duweni watak elek lan Heru, Tatik, Aris Setiawan, lan Ardiyanto sing duweni watak apik.
8.      Sudut pandang : Penulis migunani sudut pandang wong ketelu.  
9.      Amanat :
·         Dadi wong urip kudu syukur ing kaanan apa wae. 
·         Dadi wong urip kudu nglakoni prakara-prakara sing diprentahke Gusti lan ngadohi larangane.
·         Ojo seneng nyilakani wong liya.

Share:
Diberdayakan oleh Blogger.

Labels

Labels

Blogger templates